Rabu, 30 Jul 2025
  • Selamat Datang di Website Resmi SMAN 13 Semarang

Doa Bahasa Jawa Memulai Aktifitas Sekolah di Ruang Guru

Sudah menjadi kebiasaan di SMAN 13 Semarang memulai kegiatan dengan berdoa bersama. Khusus untuk hari kamis SMAN 13 Semarang menggunakan doa berbahasa Jawa yang selaras dengan baju yang digunakan yaitu baju adat. Berikut adalah terks doa bahasa Jawa dari SMAN 13 Semarang :

Doa Bahasa Jawa Memulai Aktifitas

Ingkang kinurmatan bapak saha ibu guru SMAN 13 Semarang, mangga sak derengipun nglampahi kegiatan ing dinten menika, kita wiwiti manengku puja dateng Allah SWT supados dipun paring kelancaran kegiatan ing dinten menika. Manengku puja dipun wiwiti maos surat Al fatihah

-----------------------------------Al fatihah----------------------------------------
Dhuh Gusti ingkang maha kuwaos, Dzat ingkang Maha Welas, Dzat ingkang Maha Asih kanthi nyebut asma panjenengan, kula ngaturaken puji syukur sampun kaparingan kesarasan ngantos dinten menika.

Ya Allah ingkang kagungan sedhaya kamulyaning jagad, Panjenengan paringi kulo lan keluarga kulo kesehatan jasmani lan kesehatan rohani, Ugi panjenengan paringi kula lan sak keluarga kula sugihing manah lan Iman dumatheng panjenengan ya Allah

Ya Allah ya Karim, kulo sedhaya nyuwun kelancaran anggenipun nglampahi kegiatan ing dinten menika, saget paring ilmu ingkang migunani lan barokah tumrap siswa SMAN 13 Semarang. 

Ya Allah ya Rab, kula sedhaya nyuwun dumatheng panjenengan pituduh ingkang leres, petunjuk supadoso kula sedhaya sageta istiqomah wonten margi ketakwaan dumatheng panjenengan. 

Ya Allah ya Rab, panjenengan limpahaken wonten manah kula raos ajrih dumatheng panjenengan, raos manah ingkang saged ndadosaken benteng saking lelampahan maksiat.

Rabbana atina fiddunya hasanah wa fil akhirat hasanah, waqina adzabannar, Subhaana rabbika rabbil `izzati `amma yashifuun, wasalamun `alal mursaliina wal hamdulillahi rabbil `aalamiin.

Demikian teks doa yang kami gunakan semoga menginspirasi sekolah lain dalam menggunakan bahasa Jawa sebagai dari usaha melestarikan budaya Jawa. Mohon komentar apabila ada teks yang kurang sesuai atau memberi tanggapan mengenai teks tersebut.

Post Terkait

0 Komentar

KELUAR